Rasan - rasan sa'itik

Senin, 09 April 2012


PENDEKAR MENDEM





Allow dulur...
Ketemu maneh nang kabar beritae RWT Community...
Sa'iki pembahasane ancen rodok rasan-rasan konco dewe je...
Arek BR 4 mestine kenal karo sing njemunuk nang foto nduwur iku ?


Kang Cip, iku sapaan akrab'e...
Singkat cerito, sopo ae sing kenal cidek karo de'e, pasti dijamin nggegek.. yo ancen se raine lek didelok koyok Basman (Personel Kartolo). Tapi disisi iku, de'e seneng mendem miras je.. yo termasuk mendemno arek-arek.

Wong sing selalu setia nyedot rokok 76 iki gak tau nduwe roso sedih, gowoane mbanyol tok. Opo maneh lek pas wayahe malam minggu.. de'e pasti ngombe nang prapatan karo arek-arek.. yo ngombe+mbanyol se...
Tapi akhir-akhir iki, wong'e jarang metu teko bekupone... mboh karena kekeselen kerjo ta kekeselen olahraga malam ??!!! Lek pas pengen ketemu wong 1 iki eampang kok rek.. ono' minuman 1 botol, pasti teko wong iki.. sinyale iku ngunu kuat lek nang minuman. Opo maneh awakmu ngundang nggawe Dupo, malah akas tekone.

Cipto Bieber iki ojo' di pandang sebelah mata lho rek, ngene-ngene iki sek mengikuti perkembangan teknologi maupun trend arek nom-noman jaman sa'iki. Padahal, nom-noman'e de'e ono' nang tahun 70'an !!...
Contoh'e ABG Tuwir siji iki nang teknologi, yoiku nduwene alamat email & facebook. Lek gak percoyo, coba klik'en fecebook'e de'e nang kene.

Iku nggone Kang Cip rek.. jenenge ancen Expebul Casad, tapi fotone nggawe foto jaman nom-nomane de'e jarene. Lek aku se rodok gak percoyo...
Lek masalah jenenge digawe Expebul Casad, yoiku wis merupakan contoh kedua lek de'e mengikuti perkembangan trend nama arek nom-noman sa'iki. Kadang sing nom-noman ae sek kalah kok karo wawasane Kang Cip tentang trend'e arek sa'iki.
Wistalah, pokok'e kenal karo wong siji iki dijamin ngguyu terus sampek teko akhirat. ha lek sampean-sampean gak percoyo, bisa dicoba langsung berinteraski karo wong'e.. key...

Yowis, sa'munu disek rek pembahasan kali iki, kapan - kapan dilanjut maneh nang program sing podo...
Assalamu'alaikum ya ahli ghoib....
SHARE TWEET

0 komentar:

 

My Twitter