Sak Mangkok = Rp. 6000

Senin, 06 Juni 2011

Pak "DUL" Soto BR





Dino iki pembahasane ancen rodok nyeleneh titik rek, yoiku Tukang Soto sing biasa sliweran nang kawasan BR & Sekitarnya. Pakdhe siji iki akrab nang arek-arek dgn sebutan "Pak Dul".


Sedikit cerito tentang Pak Dul, soale ono' hal unik teko wong siji iki. Sa'marine Isya' menjelang jam 8 bengi, aku karo arek-arek waktu iku lagi nyruput kopi nang GIRASETAN (Giras Etan gg.4) nyambi ngobrol ngalor-ngidul gak karuan. Lha pas lagi asyik ngobrol karo wong-wong mesakat, Teko koncoku sing jenenge >>Gombez Cilik<< dengan wajah kesusu de'e takon nang aku, "es, Pak Dul durung lewat kene yo??" yo langsung ae tak warah durung (wong sak ancen durung lewat).


Setengah jam berlalu, dengan arah sing tak terduga, munculah sosok rombong Soto sing di golek'i Gombez
yoiku "Pak Dul". Asline pikiranku pada waktu Gombez nggolek'i Pak Dul iku cuma opo be'e Gombez iki keluwen, kok kesusu temen lek nggolek'i Pak Dul. Gak suwi mari tak rasani ngunu, si Gombez langsung moro nang arah'e Pak Dul stand by ngedol sotone.

Setelah tak tamet-tametno, dadakno Gombez gak tuku soto, tapi malah ngejak ngobrol "Pak Dul"sak uwen-uwen. Rasa penasaranku muncul karo obrolan sing di obrol wong 2 iki, soale sek tas iki aku ndelok Gombez ngobrol serius karo Pak Dul. Tambah gede roso penasaranku, gak ksuwen wong 2 sing lagi asyik ngobrol iku tak parani & melu ngrungokno opo sing dibahas, gawe tombo roso penasaranku.

Setengah jam ngobrol bareng wong 2 iku aku lagek iso' nyimpulno, bawasane, Pak Dul sing selama iki tak kenal sebagai Pedagang Soto, tibakno juga iso' berprofesi sebagai peramal pertandingan balbalan. Alasan koyok ngunu iku mau, didasari teko Gombez sing lebih cenderung nakokno prediksi setiap balbalan. 

Dadi akhire sa' ben ono' pertandingan balbalan sing arep di jabani, gak titik arek sing moro nang Pak Dul, gawe nakokno prediksi pertandingan versi Pak Dul, sing di yakini arek-arek bener, walaupun 70%. Iso' ae cok..cok... arek-arek iki.. haha.

Selain iso' mrediksi pertandingan bola, Pak Dul iki ternyata Ilmu Filosofine juga duwur je. Hal iki ancen tak weruh'i dewe, waktu kapan hari nang nggone stand by dodolan soto (Nang prapatan gg.4) de'e ngewejang aku tenteng kehidupan. Sambi ngombe teh anget Pak Dul pernah ngomong nang aku "Wit iku tambah suwi duwur, tambah banter pisan keterak angine" kata-kata iku mau sampai detik iki iseh tak eling2 & tak resapi. Soale ancen bener wewarah'e, "Wit iku tambah suwi duwur, tambah banter pisan keterak angine = Semakin tuwo umure awak dewe, semakin akeh pisan cobaan uripe".

Wis, sa'munu ae ceritoe.. kemeng iki tanganku ngetik terus... lek pengen lebih ngerti ceritoe maneh, langsung ae nang wonge dewe... haha...

Jadwal Pak Dul dines :
  • Jam      : 19:30 - 20.30 iku pun gak mesti
  • Tempat : Nang sebelah GIRASETAN (Giras Etan gg.4)

Be'e ono' kritik & saran rek, ojo' lali comment....



SHARE TWEET

0 komentar:

 

My Twitter