JOANNE KATHLEEN ROWLING

Senin, 06 Desember 2010

Teko hobi ngarang, Sampek dadi Penulis ternama.

Ket cilik, Rowling ancen wis nduweni hobi nulis. sampek-sampek nang usia 6 tahun, de'e wis mulai ngarang cerito sing judule Rabbit. de'e pisan nduweni kegemaran gak isinan ”nunjukno karyanye nang konco-koncoe” mbarek wong tuwane. kebiasaan iki terus di kembangno sampek de'e gede. daya imajinasine sing duwur iku pisan sing nggarai jenenge di kenal sak dunia.
tapi rek, nang kehidupan nyata, Rowling koyok'e gak prei diserang masalah. keadaane sing mlarat, sing nggarai de'e melbu dalam kategori pihak sing berhak oleh santunan orang miskin teko pemerintah Inggris,iku kabeh di alami Rowling pas nulis seri Harry Potter sing pertama. ditambah mbarek perceraian sing dialamine, kondisi sing serba angel iki justru nggarai de'e tambah semangat nulis lan nuntaso kisah penyihir cilik sing dijenengi Harry Potter sing ketepak'an pisan idene de'e oleh pas ono' nang njero sepur. tahun 1995, karo susah payah, mergo gak nduwe duwit gawe fotocopy naskahe, Rowling kepeksan nyalin naskahe iku mbarek ngetik ulang nggawe mesin ketik manual.
naskah sing akhire mari mbarek perjuangan susah payah iku gak lantas langsung diterimo lan meledak nang pasaran. pihak penerbit akeh sing nolak. kondisi iki di alami ndidik'i. diantarane, yoiku mergo awale de'e ngirim naskah nggawe jeneng asline, Joanne Rowling. sing keto'ane ngeremehno penulis wedok sing iseh kuat mbelenggu poro penerbit lan kalangan perbukuan nyebabno de'e ngakali jenenge dadi JK Rowling. nggawe 2 huruf konsonan. ben iso' podo  sukses karo penulis cerito anak favorite CS Lewis.
akhire nasib bejo pun teko. Harry Potter edan-edanan meledak nang pasaran. kabeh iku mau tentu ae asale teko sikap gak gampang nyerah mbarek kerja keras sing luar biasa. Ancen kisah iki semakin mbuktekno, bahwa kesuksesan iku larang regane.
SHARE TWEET

0 komentar:

 

My Twitter