Steve Jobs

Kamis, 09 Desember 2010


Pas tahun 1976, karo koncoe : Steve Wozniak, Jobs sing umure baru 21 tahun iku mulai ngadekno Apple Computer.Co nang garasi nggone keluargane. karo susah payah ngumpulno modal sing diperoleh teko ngedol barang-barange. Komputer pertamae de'e, Apple 1 berhasil di dol 50 unit nang toko lokal. Tambah tahun maneh, usahane cukup maju pesat sampek tahun 1983, Jobs nggaet John Sculley teko Pepsi Cola gawe ndalangi perusahaan iku. sampek sa'munue, Apple Computer oleh kesuksesan lan tambah nancepno pengaruhe nang industri komputer opo maneh pas ngluncurno Macintosh. Tapi, nang tahun 1985, sa'marine konflik karo Sculley, perusahaan njeke' keputusan mensiuno bose dewe, yaitu Steve Jobs dewe.
sa'marine ngedodel sahame, Jobs sing ngenes akeh ngentekno waktue gawe sepeda'an lan mlaku-mlaku nang Eropa. Tapi, gak suwi sa'marine pemecatane de'e, pemecatan iku mau justru nggowo semangat anyar bagi nang atine. De'e akhire mulai mbuka' usaha maneh yoiku, perusahaan komputer NeXT lan perusahaan animasi Pixar. NeXT sing sa'jane ancen maju dalam hal teknologine tapi yo gak nggowo hasil sing apik secara komersil. nang lain pihak, Pixar sing kelebu kisah sukses liyo mergo kecerdasane. Teko Pixar, Jobs nggowo trend anyar nang dunia film animasi sedalan ambek diluncurnoe film produksine Toy Story lan selanjute Finding Nemo lan The Incredibles.
Pas di tinggal Jobs lan tambah kuate dominasi IBM lan Microsoft nggawe Apple kalah saingan lan nyaris ambruk. mergo iku, tahun 1997, Jobs di celok maneh gawe ngisi posisi pimpinan sementara. mbarek ngaplikasi teknologi pas nang NeXT, sa'iki Apple mbalek muncul nggawe macem-macem produk berteknologi maju antarane : MacOS X, IMac lan salah siji sing fenomenal yoiku iPod.
Cerito sukses Steve Jobs ngajarno nang awak dewe, bahwasane gak ono' kesuksesan sing instan. di tolak & kalah, iku hal sing wajar nang urip iki. Tapi ojo' dijarno kabeh iku mau nggawe awak dewe mandek dalam berkarya.
hookeyy bro..???
SHARE TWEET

0 komentar:

 

My Twitter