Susi Pudji Astuti

Jumat, 03 Desember 2010

Teko dodol iwak,sampek nduwe maskapai penerbangan 
Perjalanan abot  sing dilalui Susi Pudji Astuti. Wong wedok kelahiran Pangandaran tahun 1965 iki nang awal tahun 80'an gagal namatno SMAne ndek Cilacap (JATENG). De'e moleh nang Pangandaran, terus nyoba dodolan barang koyok'o : kaos, sepatu, badcover, dll.

Tapi, akhire de'e nemukno potensi Pangandaran, yo iku iwak. karo modal Rp 750ewu olehe dodol emas-emasane, de'e mulai dodolan iwak nggawe siasat tuku iwak nang panggon pelelangan iwak alias (TPI) terus ngedole nang restoran-restoran. Dino pertamae, de'e mek iso' ngedol iwak 1kg. Iku ae nang restoran sing dikenal. Ketelatenan, nggarai de'e gak mundur. de'e terus nyoba' maneh nang dino-dino selanjute, masio angel, de'e akhire iso' ngusai pasar Pangandaran. Terus de'e nyoba' ngodol iwak-iwak teko Pangandaran nang Jakarta nggawe trek sewoan. Budal jam 3sore sampek nang Jakarta tengah wengi wis dadi kegiatan sabendinoe. 

Teko awal mulae nyewo trek, akhire Susi iso tuku trek dewe. Usahane terus maju. sampek-sampek, de'e iso' ngekspor urang nang Jepang. Masio sempat tibo-ngadek, alat transportasi iwak'e berubah pol, teko trek-sampek nggawe kapal molok alias (pesawat terbang).


Ceritane, sa'wise rabi oleh Pilot wong Jerman, Susi nduweni angen-angen ngangkut iwak'e nggawe pesawat. Lha, gawe nggagas angan-angan iku, Tahun 2000 Susi ngajukno silihan duwit nang Bank. Tapi pengajuane iku di tolak karo pihak Bank. Njelalah, pas Tahun 2004 ono' Bnk sing gelem nerimo pengajuane, teko Bank Mandiri de'e oleh silihan 47Miliar sing digunakno gawe landasan nang pangandaran lan digawe tuku 2unit pesawat cessna.

Tapi, sa'wulan sa'wise nggawe pesawate, ono' bencana Tsunami nang Aceh. Sing nggarai atine Susi gelisah. De'e langsung budal nang Aceh gawe ngeke'i bantuan. Pesawat Susi tibakno pesawat sing mendarat pertana nang aceh pada waktu itu. lha menene de'e baru nggowo barang-barang koyok'o : Beras,mie,roti,dll. 
Rencanae de'e iku cuma ngeke'i bantuan sarana angkutan gratis 2 minggu, tapi LSM Njero lan Luar Negri njaluk tolong nang Susi supoyo tetep nang kono. Sampek-sampek LSM iku mau galem lek sa'umpomo pesawate Susi iku disewakno. Teko kono jeneng Susi Air muncul sebagai perusahaan penyewoan pesawat.

Saiki Susi Air wis nduwe 50an pesawat lan jeneng Susi Air dikenal maskapai penerbangan carteran sing ngetop nang Indonesia saiki. 
Iki lho dolor, suatu perjalanan nasib sing menakjubkan teko seorang ibu sing gak tamat SMA. Kendel & Ketelatenane sing nggowo de'e nang puncak sukses bisnis. Top Markotop !!!...

Lha, saiki gilirane sampeyan-sampeyan... opo wis siap nglakoni tantangan gawe ngolehno kesuksesan..???
 






SHARE TWEET

0 komentar:

 

My Twitter